Halaman

Senin, 18 Maret 2013

soal uts bahasa jawa kelas 3 SD semester 2

I.                   Jodohno ukara ing ngisor iki kanthi bener!
1)      Aku nerimo layang  … kancaku.
2)      Mengko yen aku … mrono, aku bakal ngabari maneh.
3)      .                 Sandhangan ing pinggir iku arane ….
4)      .                 Sandhangan ing pinggir iku, arane …
5)                                                tulisan aksara jawane yaiku ….
 

6)                                                tulisan aksara jawane yaiku ….

7)      Tulisan aksara jawine seng bener yaiku …
8)      Tulisan aksara jawine seng bener yaiku ….
9)      Deleng basa kramane …
10)   Adus basa kramane ….
11)   Maos basa ngokone yaiku …
12)   Nitih basa ngokone yaiku …
13)    ….           Kanggo takon bab kahanan.
14)                kanggo takon bab cacah utawa wilangan
15) 
Apa                                        pipiku                                    taling
Pacul                                     bukune                                Suku
Pira                                        saka                                       mirsani
Numpak                               arep                                       Siram
Maca                                                    

 Bapak macul ing sawah. Tembung linggane macul yaiku …
 













II.                Jawaben nganggo jawaban singkat pitakon ing ngisor iki!
Tembung sing kacetak kandel dolekono tembung linggane!
16)   Mbok Darmi nyaponi larahan è tembung lingggane nyaponi yaiku ….
17)   Parine dipangan tikus è tembung linggane dipangan yaiku …
Isien nganggo ukara pitakon kanthi bener!
18)    …. sing mulang ing kelas 3?
19)   …. regane tas iku?
Owahono ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko
20)   Ibu mirsani ageman ingkang sampun ditumbas
……………………………………………………………………………….
21)   Budhe nyariosaken dinten pahlawan
………………………………………………………………………………..
Owahono ukara ing ngisor iki nganggo basa karma!
22)   Rani budal sekolah numpak sepeda
………………………………………………………………………………
23)   Adikku nangis njaluk es krim
……………………………………………………………………………..
Wacanen aksara jawa ing ngisor iki!
 

24)                                                        = ………………………
Tulisen nganggo aksara jawa!
25)   Buku loro                         = …………………………….

III.                Ukara iki wangsulana kanthi bener!
Wacan
Menyang Tlaga Sarangan
Dhek Dina Minggu kapungkur, Nuril lan kluwargane  rekreasi menyang Tlaga Sarangan. Jam enem esuk wis padha budhal sarana numpak mobil. Paklik Budi lan Bulik Astri uga nderek.
Nalika numpak mobil sajroning perjalanan atine Nuril bungah banget ndeleng pemandangan sakiwa-tengene dalan. Watara jam sepuluh awan rombongan kluwargane Nuril wis tekan ing panggonan kang tinuju.
Ing Tlaga Sarangan hawane seger banget. Angine semilir ora sepira adhem. Ing sakiwa-tengene tlaga akeh wit-witan kang katon ijo royo-royo. Banyune biru maya-maya nambahi asri lan endahe sesawangan. Pinggir tlaga akeh kekembangan ing maneka warna. Yen kepingin seneng-seneng ing tlaga uga disediyani prau sewan. Nuril diajak Bapake numpak jaran mubeng-mubeng sapinggire tlaga.
Watara jam telu sore rombongan kluwargane Nuril banjur padha bali. Sadurunge bali Bapak lan Ibu mundhut jajan kanggo oleh-oleh sing ana ngomah. Nuril dipundhutake dolanan boneka dening Ibu. Udakara jam enem sore kabeh wis padha tekan omah. Lunga marang Tlaga Sarangan nyenengake ati. Nuril ora bakal iso …………………………………………………
26.   Sapawae paraga sing ana ing dhuwur?
………………………………………………………………………………………………………………………………….
27.   Kepriye hawane ing tlaga sarangan?
…………………………………………………………………………………………………………………………………
28.   Jam piro kabeh wes tekan omah?
………………………………………………………………………………………………………………………………..
29.   Pengalamane Nuril apik apa ora? Wenehana tanggapan!
………………………………………………………………………………………………………………………………….
30.   Terusna crita ing dhuwur nganggo ukara kang pantes!
…………………………………………………………………………………………………………………………………..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar